Twitter iku sawijining situs web sing diduwèni lan dioperasèkaké déning Twitter Inc., sing nawakaké jaringan sosial arupa mikroblog saéngga para panganggoné bisa ngirim lan maca pesen sing diarani tweets. Tweets iku tèks tulisan nganti 140 karakter sing ditampilaké ing kaca profil panganggo. Tweets bisa dideleng wong jaba, nanging pengirim bisa mbatesi pangiriman pesen menyang dhaptar kanca-kancané waé. Panganggo bisa ndeleng tweets penulis liya sing diarani pengikut.