Humus
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Oktober 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 752 dinten 257 menit kapungkur. |
Humus lnggih punika siti ménika subur kabentuk saking lapukan ron lan gagang wit ing alas udan tropis ingkang lebat.[1] Humus dipuntépang dados sisa-sisa tanéman lan kéwan ingkang ngélampahi perombakan dening organisme ing lemah , kahanan ing stabil , warninipun coklat..[2] Secara kimia, humus dipundéfinisikan dados komplèks organik makromolekular ingkang ngandut katah ngandut kayata fènol, asam karboksilat, lan alifatik hidroksida.[3] Humus inggih punika lapisan humus hutan ingkang kedadosan saking campuran bahan organik lan mineral ingkang lambat laun dados horizontal .
Titikanipun[sunting | sunting sumber]
Humus biasanipun warnanipun peteng lan dipunngerteni utaminipun ing kapisan lemah inggil pramila boten stabil utamanipun kedadosan penguwalan regim suhu, kelembapan lan aerasi.[4] Humus asifat koloidal kadasta liat ananging amorfous, luas permukaan lan daya jerap tebih ngelangkungi liat kaliyan kapasitas tukar kation 150-300 me/100 g, liat hanya 8-100 me/100 g.[5] Humus gadahi kemampuan ningkataken unsur hara ingkang sampun kacepaaken kadasta Ca, Mg, dan K, humus ugi dados sumber energi jasad mikro serta maringi warni peteng ing lemah. [4]
Mupangat humus[sunting | sunting sumber]
Humus gadahi konstribusi ingkang ageng kaliyan kabetahan saha kesuburan lemah. [4]Humus menika sumber panganan kangge taneman saha gadah peran dados pembentukan lan jaga struktur lemah.[6] Senyawa humus ugi gadahi peran kangge muasaken utaminipun ing pangiket bahan kimia toksik ing lemah lan toya.[6] sanesipun punika humus saged ningkataken kapasitas kandungan air tanah, mbantu kangge nahan pupuk anorganik larut-air, nyegah penggerusan lemah, ningkataken aerasi lemah, saha ugi saged ningkataken fotokimia dekomposisi pestisida utawi senyawa-senyawa organik toksik.[4] mekaten sampun kelampahan pupuk-pupuk organik ingkang katah humus punika ganteaken peran saking pupuk-pupuk sintesis menawi jaga kualitas lemah.[4]
Humas bahan organik, utaminipun asalipun saking ron lan bagian tumbuhan sanesipun ingkang dados lapuk saksampune ngelampapahi pelapukan ing inggil permukaan siti, ingkang nggadahi warni cemeng, katah ngandut unsur hara ingkang dipunbetahaken taneman . 
Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]
- ^ (id)Situs Org Komunitas & Perpustakaan Online Indonesia: jenis Tanah di Indonesia (dipununduh Tanggal 17 Oktober 2012)
- ^ (id)Situs Jiwantoro : Kompos (dipununduh Tanggal 17 Oktober 2012)
- ^ "Kim"Situs Kimia Indonesia : Humus, Material Organik Penyubur Tanah, oleh Sinly Evan Putra (dipununduh Tanggal 17 Oktober 2012)
- ^ a b c d e Situs Hijau: Bahan Organik (dipununduh Tanggal 17 Oktober 2012)
- ^ Situs Lestari Mandiri: Pupuk Organik (dipununduh Tanggal 17 Oktober 2012)
- ^ a b (en) Situs Planet neutral: Soil Health: Organic Matter and Humus (dipununduh Tanggal 17 Oktober 2012)
- ^ Delahaye D., 1988.- « L'érosion des sols en zones de cultures spécialisées ». In Risques naturels et analyses pour une prévision, l'hiver 1987-1988 en Basse-Normandie. CREGEPE. Université de Caen. pp. 4-5.
- ^ De Ploey J., 1989 - Soil erosion map of western Europe. Bublished by CATENA. Laboratory of Experimental Geomorphology, Leuven, Belgium
“”