Kaca Utama
| Tumut ngregengaken Wikipedia basa Jawi? |
Sapunika wonten 48.706 artikel kanthi 26.055 panganggé ingkang kacathet.
You don't speak Javanese? Find more about this language!
|
Artikel pinilih wulan punika
Franz Kafka (3 Juli 1883 - 3 Juni 1924) punika salah satunggling panyerat basa Jerman ingkang wigatos. Kafka lair ing satunggaling kulawarga Yahudi kelas manengah ing Praha, Austria-Hongaria (sapunika ing Céko). Karya-karya wigatosipun kalebet Die Verwandlung ("Métamorfosis" 1915), Der Process ("Prosès Pangadilan" 1925) lan Das Schloss ("Kastil" 1926). Nalika piyambakipun gesang, pedunung Praha kathahipun mituturaken basa Céko lan pamilahan antawis para pedunung ingkang nganggé basa Céko utawi basa Jerman punika dados kanyatan. Amargi kalih kelompok punika sami-sami ndhedhesaken jatidiri nasionalipun piyambak-piyambak. Komunitas Yahudi asringipun posisinipun antawis komunitas Céko lan komunitas panutur basa Jerman. Prakawis punika temtunipun ndadoskaken Tiyang Yahudi lan utaminipun Kafka dados asring mikiraken posisi badanipun piyambakipun. Kafka piyambak saged baud dhumateng basa Jerman kaliyan basa Céko, nanging basa Jerman dipunanggep minangka basa ibunipun. Kafka kuliah minangka pangacara. Sasampunipun lulus studi kukum, piyambakipun angsal padamelan ing satunggalipun perusahaan asuransi. Lajeng piyambakipun nyerat cariyos-cariyos cekak. Kafka remenipun nggegayut kaliyan sanak sadhèrèkipun kaliyan réncang-réncangipun mawi nyerat serat. Piyambakipun nyerat atusan serat dhateng para sadhèrèk kaliyan réncang-réncang èstrinipun ingkat raket. Ingkang naté sami nampi seratipun, inggih punika bapakipun, tunanganipun Felice Bauer saha rayinipun èstri ingkang bontot, Ottla Kafka. Gegayutanipun kaliyan bapakipun radi njlimet lan prakawis punika saged dipuntuwèni ing karya seratanipun. Piyambakipun ugi ngalami kasangsaran batin déné idèntitas Yahudinipun. Piyambakipun rumaos menawi punika mboten wonten gandhèng-cènèngipun kaliyan badanipun piyambak. Senadyan mekaten, para kritikus sami débat punapa latar wingkingipun minangka Tiyang Yahudi mangaribawani karya seratanipun. Gambar pinilih wulan punika
|
Prakawis Wikipèdia Jawi
Proyèk Wikipedia punika gadhah don ndamel bauwarna ingkang pepak piyambak ing sedaya basa ing saubengipun donya. Wonten kaca punika, sinten kémawon ingkang ngersakaken ngasta Wikipédia ing basa Jawi saged amujudaken. Saged mawi basa Jawi krama utawi saged ugi ing basa ngoko. Ananging manawi saged, langkung saé nyerat mawi basa krama. Isi Wikipedia wonten saandhaping Lisensi Dhokumèntasi Bébas GNU, tegesipun inggih bébas kaliyan bakal bébas ngantos salaminipun. Ugi kapurih kersa mriksani hak cipta kanggé katrangan langkung prakawis hak cipta, sumber kabikak, saha isi bébas. Kanggé pacoban mangga nyobi nyunting ing kothak wedhi Prastawa énggal
4 November wonten ing sajarah
Prastawa sanèsipun wonten ing 4 November sunting |
Wikipedia punika satunggiling ènsiklopédhi bébas ingkang dipunopèni déning Yayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah proyèk wiki multibasa:
| Wiktionary Bausastra Jawi |
Wikibooks Buku tèks kaliyan manual bébas abasa Jawi |
Wikisource Dokumèn sumber bébas abasa Jawi |
|||
| Wikidata Basis data bébas |
Commons Berkas multimédhia bébas |
Wikispecies Prakawis spésies |
|||
| Wikinews Sumber warta bébas |
Wikiquote Kumpulan kutipan |
Meta-Wiki Ko'ordinasi proyèk Wikimedia |
- Basa Nasional
- Basa dhaérah
- Langkung saking 2.000.000 artikel:
English •
- Langkung saking 200.000 artikel:
- Langkung saking 100.000 artikel:
català • українська • Türkçe • čeština • magyar • română • Volapük • Esperanto • dansk • slovenčina • 한국어 • العربية • Bahasa Indonesia • Bahasa Melayu •
- Langkung saking 50.000 artikel:
עברית • Tiếng Việt • lietuvių • slovenščina • српски / srpski • български • eesti • فارسی • hrvatski • नेपाल भाषा • Simple English • Kreyòl ayisyen • norsk nynorsk •
- Langkung saking 25.000 artikel:
Daftar pepak – Statistik multibasa
Ko'ordinasi multibasa – Miwiti Wikipedia énggal